
Asu gak tahu bingung
Melok sapa ae sing nguncalno balung
Guk guk guk minangka kidung
Asu cilik arane kirik
Nggael balung sing cilik-cilik
Diorak arik diwolak walik
Kopat kapit buntute asu
Rumangsa kepama kabeh kecatu
Nggondholi balung mlebu metu
Mesam mesem sajak kelegan
Apa karepe diwehi juragan
Raperduli liyane edan
Golek pangan pinggir ndalan
Asu njegog ping pindo
Pertanda rumangsa ketemu jodho
Mbabarke kirik asu lan gentho
Saiki omahku kebak asu
Ndhuwur wuwungan ana asu
Tengah omah ana asu
Njaban akeh asu
Ngrubung aku
Sing kaya asu
Juni 2016







0 komentar:
Posting Komentar