Cari Blog Ini

Jumat, 29 Juni 2018

SANGUNING BEBRAYAN


“Kakang Semar..!”
“Kepiye Nini...”
“Aku njaluk sangune kareben anggonku omah-omah nemahi beja ndonya akherat Kakang..”
“Ana sepuluh perkara Nini.. janji diugemi beja uripmu, kepenak akheratmu..”
“Apa wae Kakang Semar, enggal wedharna..”
“Siji bekti Gusti lan Kanjeng Nabi. Iki bekti utama kabeh menungsa kudu nglakoni. Loro bekti marang bojo. Sak wise sliramu diwengku marang pria, bektimu sakwise bekti marang Gusti lan kanjeng Nabi bektimu karo kakungmu. Telu bekti mring rama ibu. Ya Ibu kang ngandhut sliramu, ya Ibu maratuwamu. Papat pinter rumat. Ya rumat rejeki saka bojo, rumat omah, rumat putra,   rumat wadi lan liya-liyane. Lima, loma. Tegese seneng weweh marang liyan nanging kudu ana palilah saka bojomu. Enem, ngati-ati ing gunem. Ora kena tumbak cucukan, dodol pawarta ngalor ngidul. Ora kena waton gunem, nanging gunem sing nganggo waton. Pitu, tansah mesem ngguyu. Ulat padhang ora mecucu. Ulat sing padhang, semilak nduweni daya linuwih kang bisa ngluwihi daya kanuragan sing paling dhuwur. Wolu ngelmu. Tegese kudu pinter ing reh kuwajiban lan jejibahane. Tuladhane, adang, njangan, nggulawenthah omah, nata para putra. Mulane senenga sinau marang sapa wae kang nduweni leluwihan bab ngelmu kuwi. Sanga nuladha laku utama. Utamane lakune titah sing paling utama yaiku kanjeng Nabi. Kang pungkasan Nini... Sepuluh aja wedi eluh. Tegese wong kuwi ora ana sing ora duwe tangis. Kabeh nduweni tangis dhewe-dhewe. Urip ora bakal kepenak terus. Kala-lala diparingi bungah, kala-kala ya susah. Mulane ora perlu wedi menawa entuk coba. Neng ngalam ndonya kabeh mung sawetara. Bungah sawetara, susah sawetara, ayu nggantheng sawetara, sugih mlarat sawetara. Sing wigati ing akherate isa bungah, lan sipate saklawase. Mula Nini...sing kebak pengati-ati aja adoh karo Gusti Allah kang nyipta jagad sak isine iki...”

“Iya kakang, bakal tak ugemi sabdamu minangka sanguku urip bebrayan agung mengkone... “


Gambar : MediaIndonesia
sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com