Cari Blog Ini

Sabtu, 25 Oktober 2014

NGE-MALL

Ternyata...selama ini saya hidup ibarat dalam tempurung. Sempit. Ketika suatu hari saya di ajak ke mall,(sebelumnya sih juga pernah nge-mall, tapi ini beda) biyyuh..... tiba'e isine nyenengkeh. Isine wong sugih thok. Ibarat kata, kagak ade yang jelek. Semua cantik-cantik, ganteng-ganteng tapi bukan srigala lho. Yang jelek kelihatannya saya saja.

Ck..ck...ck.., luar biasa pesona mall. Banyak yang datang tetapi hanya ingin nongkrong saja. Mojok, dengan gadget di tangan. Jari-jari sibuk ngetik. Entah status, entah sms, pokoknya drijine nyambut gawe.

Kalau sudah di mall kayaknya yang jelek merasa berubah ganteng, yang miskin berasa kaya. Walaupun tidak semuanya tentunya. Tapi sebagian besar begitu. Dandannya cakep-cakep, pakai sandal atau sepatu mahal (kelihatannya), bajunya seksi-seksi. Lha saya, sandal jepit, kaos oblong, bolong suwek sisan.
Memang nggumunke. Padahal harga-harga yang dijual di sana ya termasuk mahal bagiku. Apa karena aku yang miskin ya. Tapi tetap saja laris manis.

Yang lebih nggumunke, nyandhange kui lho, ada yang pakai celana sekilan, sporotan, kaos kekecilan. Ada juga sih yang pakai baju rapi dan pantas dilihat. Seolah saling berlomba dengan kegemerlapannya. Dalam senyum yang dibuat semanis mungkin, seolah mereka berkata "ini bodiku, mana bodimu?"

Mudah-mudahan aku nggak tuman.

Gambar : http://id.wikipedia.org

Senin, 20 Oktober 2014

PESTA PESTA

''Wah..tipine gayeng yo gong?" Gareng nyruput susu jahe ing warung langganane.
"Gayeng kepiye kang?"
"Apa kowe ra nonton wingi. Ana pernikahan mewah sing ngentekake ragat milyaran, kamangka awake dhewe wae arep golek duit kanggo mbayar SPP wae paribasan niba tangi ra entuk-entuk. Stasiun sejene nyiarake pesta rakyat sing ragate yo ora sethithik. Panganan akeh tur ora mbayar. Mendah kaya ngapa senenge yen pesta kui mau di enekake neng sinabung. Para korban gunung mbledhos sing padha kelien kae." Gareng rumangsa prihatin.
"Mbok ya wis kang, rasah nggresula, lha wong dhuwit-dhuwite dhewe, ragat-ragate dhewe, lha kok kowe iyik."
"Ya pancen dhuwite dhewe, ning mbok ya mikir wong mlarat kaya awake dhewe iki yen nonton pra ya ngiler."
"Gampang wae kang, ora sah nonton lak beres."
"Jane ya ngono, ning yen tak pikir-pikir pancen yo lucu kok, jare negarane awake dhewe ki negara sing mlarat kakean utang, ewadene kok yo isih ono sing kuat ngragati mangan-mangan sing kaya ngono kui. Aja-aja urun ragat kui dudu wong Indonesia Gong?"
"Aku ora ngerti kang, sing ngragati piyayi ngendi, sing tak weruhi negarane awake dhewe kui kejajah kang." Bagong nerangake penemune.
"Kejajah piye le?" Gareng ora mudheng karepe Bagong.
"Kejajah morale, kejajah budayane, kejajah ekonomine. Tuladhane ya sing kaya tipi kui. Pancen ora salah wong pancen kuat ragat, nanging aja nganti seneng-seneng kuwi mau ndadeake iri warga liyane, basa pintere kecemburuan sosial.  Aja nganti ana penemu mulyaning manungsa kuwi gumantung bandha. Semono uga stasiun tipi mbok ya gawe hiburan kui ora mung nyenengke nanging uga menehi tuladha sing becik. Muga-muga para kang kawogan ngrasaake apa sing dadi grundele dhewe iki yo kang?"
"Yo gong, muga-muga wae. Awake dhewe kui drajate wong cilik, lungguhe dhingklik, mangane sethithik, mung iso ngudarasa kareben kabeh dadi becik. Muga-muga kabeh di paringi ganpang gangsar anggone golek sandang pangan."

Gambar : http://www.life.viva.co.id

Selasa, 14 Oktober 2014

Dolly oh Dolly.....



“Gong, wis krungu menawa Dolly arep ditutup.” Petruk, Gareng lan Bagong lungguh jigang kaya padatan.
“Lha yo wis. Lha ana apa ta kang lha kok kadingaren ngrembug bab Dolly. Apa nduwe anak buah neng kana?” Bagong mangsuli kanthi gojegan.
“Ora ngono Gong. Iki aku ngrembug bab Dolly amarga isih ana sing ora nyarujuki babagan Dolly sing arep ditutup iku mau. Kamangka kuwi papan kanggo ngumbar asmara kang ora bener tumraping agama apa dene negara. “ Petruk mbacutake.
“Lha iya ta kang. Kok ya isih ana sing ora nyarujuki. Yen tak gagas kok lucu. Barang sing ala arep di rampungi kok ora entuk. Ora tinemu nalar babar blas.”
Gareng kang krungu gunemane Bagong banjur nyelani. “Mengko dhisik Gong, yen aku nduwe penemu liya entuk ta?”
“Ora apa-apa kang. Penemumu piye?” Petruk
“Ngene Truk, Gong.” Gayane Gareng karo nglepus rokok tingwene. “Pancen bener Dolly kuwi papan ngumbar asmara utawa zina. Nanging papan kuwi nguripi atusan, sok malah ewon wong kang nyambut gawe ing Dolly. Yen nganti ditutup lha trus padha arep mangan opo?”
“Lha doyane apa kang, yen doyane sega, ya mangane sega, yen doyane suket ya mangan suket. Ngono wae kok repot. Bab gampang kui.” Bagong nyela karo cengengesan.
“Tegese kui, mangan sega lak ya kudu tuku sing arep di dang. Lha yen ora nyambut gawe ya ora nduwe dhuit, banjur arep tuku nganggo apa? Sing nyambung urip neng kana kuwi ora mung PSK wae. Ana bakul, ana ojek, ana kuli lan liya-liyane. Lha yen di tutup trus arep makarya neng ngendi coba pikiren!”
“Yen bab kuwi mesthine pemerintah wis menggalih. Aku krungu Kemensos jare ya cucul dhuwit, Pemerintah Surabaya ya cucul dhuwit. Sejene ngono yo wis ana gladhen saka dinas sosial kanggone para PSK kui kareben bisa makarya sing becik. Lha kanggone wong-wong sing nyambut gawe utawa makarya dadi tukang becak ya isa mbecak neng papan liya, bakulan neng papan liya. Yen gelem gumregah mesthi wae Gusti paring dalan. Yen mung alesan butuh mangan wae copet ya butuh mangan, ning kudu di berantas Kang.”
“Lha kok malah madhakne wong bakulan karo copet.” Gareng tambah bingung
“Karepku sing PSK kuwi mau kok. Padha-padha tumindakm nistha.”
“Yo beda. Yen nyopet kui nggawe kapitunaning liyan. Yen PSK lak ora ngrugekne.” Gareng tetep ngeyel karo mentheleng.
“Lha yen kowe jajan apa bojomu ora nesu kang?” Bagong nyumela.
“Ya mesthine mbakyumu nesu.”
“Lha apa ra tegese rugi kui, kira-kira mbakyu yen kon milih kowe kecopetan satusewu karo jajan seketewu pilih endi kang?”
“Yo mesthine pilih kecopetan satusewu.”
“Lha kui tegese mbakyu rumangsa luwih tuna yen kowe njajan seketewu tinimbang kelangan satusewu.” Bagong nuturi Gareng
“Lha apa isih ana Gong sing regane seketewunan?” Ganti Gareng sing cengengesan.
“Miturut pawarta ana kang. Sangsaya murah sangsaya mbebayani.”
“Lha kok iso?” Gareng .
“Lha mesthine saya murah saya laris. Tegese saya akeh sing tuku, saya akeh sing zina.” Petruk namabahi katrangane Bagong. “Sing baku dene pemerintah arep nutup Dolly kuwi karepe ya becik. Kanggo kabecikane rakyat kabeh, kuwi wis cetha bab sing ala. Kudu ana sing miwiti ngrampungi. Yen dinengke wae malah saya ngrembaka, saya kuwat, saya tambah angel ngrampungi. Muga –muga kanthi niat sing becik kuwi para warga tambah mangerteni bebaya sing wis sumadya ing mburine tindak ala kuwi mau. Pancen tata gelar nguripi wong sewu, nanging nguripi wong kang cacah sewu kuwi kanthi mateni wong maewu-ewu. Lelara kang sumebar saka tumindak nistha mau bakale nular, yen wis nular angel ngrampungi. Ngentekake prabea sing larang, ewadene s ok- sokora mari malah mati. Mula saka kuwi kang ayo disengkuyung niat becik iki, lan ora lali ya paweh karampungan tumrap wong-wong kang nggantungake urip saka papan kuwi.”
“Bener kang. Muga-muga para sedulurku sing uripe gumantung ing papan kuwi diparingi dalan sing gampang ngupadi rejeki ing papan liya. Semono uga para warga liyane aja trus mlengos, ngguwak rai,  nyemir utawa ngasorake, rumangsa gila karo para sedulur mantan PSK kuwi. Kudu disengkuyung kareben ora bali maneh dadi PSK. Tak kira yen para warga, pemerintah sengkut gumregut bareng-bareng, ora mokal, Indonesia minim pelacuran. Sokor-sokor iso bebas. Tak kira iki ya impene kabeh  para warga.”
“Bener Truk, Gong. Muga-muga wae niat nutup Dolly iki ora malah nambah masalah. Kabeh diparingi lancar.”
Gareng, Petruk lan Bagong manggut-manggut sinambi nyruput kopi pahit.

Katulis nalika dolly arep ditutup
Gambar : inilah.com

KATHOK NYAPRET AGAWE MUMET



“Wah..kok sajak nglangut ana apa ta lik Dhadhap.” Klendor takon karo pak lik e sing lagi lungguh nglangut ana ing warung kopi.
“Lagi mikir ponakanmu kae lho, kandhan-kandhanane angel saiki.” Lik Dhahap ndhingkluk sinambi kukur-kukur
“Lha bab apa ta lik?”
“Kui lho, saiki si Kanthil senengane nganggo kathok nyapret, gek pupune diumbar rana-rana.”
“lha yen neng omah wae lak ya ora apa apa ta lik.”
“Neng omah piye Ndor, wong lunga dolan ya nganggo kathok nyapret, kaos singset, pating prethethet. Apa ora marai isin.” Lik Dhadhap karo gedhak-gedhek.
“O..., di umbar to lik? Lha jaman saiki ya kui sing lagi tren lik. Aja kaget.”
“Kamangka jaman ndhisik kuwi wong wadon nganggo kathok dawa wae dianggep ra pantes, ora ilok. Trus gandheng ana sing tetep nganggo, yo akhire dadi lumrah. Jaman saya maju, kathok dawa kanggo wong wadon dadi lumrah, nganggo gojak-gajek dadi bab sing marai isin kanggo wong wadon. Jaman sangsaya maju maneh, gojak-gajek dadi bab sing lumrah, nganggo kathok nyapret marai ngisin-isini. Lha saiki kathok nyapret sangsaya lumrah, sing ngisin-isini yen nganggo kathok cawet thok. Apa mbesuk bakal kelakon ya Ndor kathokan cawet dadi bab sing lumrah kanggone wong wadon lunga wira-wiri?” Lik Dhadhap karo ngulati langit
“Aku kok yo kuwatir yo lik, aja-aja jamane anakku mbesuk, cawetan thok dadi bab sing lumrah. Budaya ketimuran dadi ilang, sithik mbaka sithik ora krasa.” Klendor melu nggagas.
“Lha iya ta Ndor, mbok aku diewangi ngandhani adhimu kae, ben ora kebablasen anggone nyandhang menganggo. Cangkemku wis juweh ngandhani.”
“Yo lik, tak cobane. Menawa isih kena dikandhani si Kanthil kuwi. Ben ora kegawa gaya urip sing ora bener. Mosok pupu di gratisne, kamangka pupu pitik wae ana ajine. Paling ora ya patang ewu. Yen urip mung seneng anut grubyuk, tanpa nganggo petung, tanpa nganggo mikir suwe ning suwe bocah wadon dadi barang kanggo dolanan. Di anggep murah merga diobral awake. Muga-muga wae kabeh ndang padha sadar kabeh.”
“Iya, muga-muga ya Ndor. Ngene wae mesthi isih ana sing ora sarujuk karo penemune awake dhewe.”
“Ya ora apa-apa, wong kuwi nduwe penemu dhewe-dhewe. Sing penting ora nerak wewalere para sepuh, ora nerak wewalere Gusti.”

Gambar : http://www.kawankumagz.com

















NGGRUNDEL


Pernah dengar lagu ayo ngguyu? Kurang lebih begini lagunya, “ayo ngguyu..ayo ngguyu yen ngguyu ja padha seru-seru..”

Tapi saya tidak akan mengajak ngguyu saat ini. Tetapi ayo nggrundel. Atau dengan kata lain sambat.
Beberapa hari yang lalu kita disuguhi berita yang sangat mencengangkan. Seorang anak Sekolah Dasar di Bukit Tinggi Sumatra Barat. Kira kira dari mana mereka “ngudi kawruh” persmekdonan itu. Dari orang tuanyakah, gurunyakah, teman-temannyakah, atau dari gemerla pnya dunia teknologi. Ada tayangan televisi, Game Online, Gadget.

Mari menengok sebentar apa yang disuguhkan s ikotak ajaib di rumah kita. Semuanya pasti mendidik. Hanya mendidik ke arah mana? Yang baik apa yang tidak baik. Berapa prosentasenya. Saya yakin seyakin-yakinnya banyak yang ke arah tidak baik. Sinemanya, filmnya, komedinya, infotainmentnya, dan masih banyak lagi. Kalau kita mau jujur pasti mengakui banyak acara-acara yang jauh dari kata mendidik kebaikan bagi kita dan anak-anak kita.

Tayangan-tayangan yang setiap hari mampir di rumah melalui kotak itu akan berangsur-angsur menguasai pola pikir kita sehingga menjadi tren dan sesuatu yang sangat wajar. Lihat sekarang bagaimana anak-anak perempuan, bahkan ibu-ibu muda dan setengah tua rela menggunakan celana sekilan. Dipamerkanlah pahanya yang belum tentu putih. Padahal ketika dipelototin mata laki-laki mereka juga marah dan merasa dilecehkan.

Lihat anak-anak kita sekarang jarang sekali melantunkan lagu-lagu khas anak-anak dengan riang gembira. Yang mereka lantunkan adalah lagu-lagu romantis sepasang kekasih. Lha kalau ini dibiarkan entah bagaimana kondisi bangsa ini 20 tahun yang akan datang? Medeni, nggegirisi.

Tapi apa dengan nggrundel ini kemudian semua masalah selesai? Tentu tidak. Mari memberikan kontribusi kepada bangsa ini sekecil apapun untuk kemajuan dan kemakmurannya. Tentunya tanpa meninggalkan kebaikannya.

Gambar : http://wesolved.org

Bismillah


Yen urip kui linambaran bismillah, bakal ayem tentrem urip bebrayan ing masyarakat. Iki dudu tepsir bismillah. Iki mung othak athik gathuk. Menawa ora mathuk aja banjur nuthuk.

Sepisan bismillah yaiku bisa milah.

Tegese wong kan urip bebarengan ing bebrayan agung kui kudu bisa milah ing antarane becik lan ala. Amarga ing alam bebrayan ora saben menungsa kui tumindak apik utawa bener. Mesthi ana kang seneng nerak wewaler. Manungsa di paringi nalar karo Gusti Allah kudu bisa kanggo milah endi sing bener lan endi sing luput.

Kang angka loro yaiku Bisa Milih

Akeh manungsa kang bisa mbedaake, kang bisa milah nanging ora wenang milih. Tuladhane wong kang drajate babu, utawa batur. Bisa mbedaake luput lan bener nanging kudu nindakake apa karepe bendarane. Mula saka kui dadi menungsa kudu bisa merdika babakan milih. Tegese yen wis bisa milah sing bener ya enggala dipilih lan ditindakake ing sabendinane.

Kang angka telu yaiku Bisa Molah-Malih

Tegese empan papan. Mangerteni kapan wayah geguyonan kapan wayah nyambut gawe. Bisa mapanake diri jumbuh karo wayah lan panggonan. Ora ateges tumindak munafik ananging bisa njaga pribadi saka tumindak kang bisa ndadeake crah, ndadeake bubrah alam bebrayan. Kudu bisa ngemong wong kang lagi padudan kang tundhane bisa ndadeake tentrem akure wong kuwi mau.

Kang Pungkasan yaiku Bisa Mulih

Tegese milah, milih, molah-malih mau kudu diulihake marang Gusti Allah. Ora kena kita milah, milih, molah-malih  ananging nerak wewalering Gusti Allah. Kabeh tindak-tanduk solah bawa kudu diulihake marang ngendikane Gusti Allah kang awujud pustaka suci. Yen kabeh mau bisa diugemi bakal waluya urip kita, ayem tentrem kang tundhane dipungkasi kanthi khusnul khatimah.

Gambar : http://m.photo.abatasa.com

Mana Peranmu...?


Setiap kita dapat satu peranan
Yang harus kita mainkan
Ada peran wajar dan ada peran berpura-pura

Penggalan syair lagu di atas tentunya tidak asing di telinga kita. Lagu yang sangat popular dan dinyany
ikan oleh beberapa penyanyi. Tapi saat ini saya tidak akan membicarakan penyanyinya. Tetapi makna dari penggalan syair lagu tersebut.

Setiap kita dapat satu peranan yang harus kita mainkan.
Sebagai makhluk sosial, peran kita di tengah masyarakat amatlah penting. Setiap orang akan memiliki peran masing-masing beserta  kontribusinya. Tidak ada orang yang tidak berkontribusi terhadap lingkungannya. Ketika dia tidak berkontribusi terhadap kebaikan, maka dapat dipastikan dia akan berkontribusi terhadap keburukan.

Setiap kita dapat satu peranan. Tidak bisa tidak. Bahkan orang yang diampun akan berperan dengan diamnya. Ketika sebuah kejahatan terjadi dan kita sebenarnya mampu menghentikannya kemudian kita diam saja, maka kita ikut berkontribusi terhadap kejahatan tersebut.

 Dalam hidup kita diberi pilihan untuk berperan atau berkontribusi. Apakah anda akan berperan wajar atau sebagaimana mestinya. Peran yang prasaja.  Peran apa adanya, tidak neko-neko, wajar-wajar saja. Wajar sesuai dengan fitrahnya. Dan fitrah manusia adalah mencintai kebaikan.

Atau boleh jadi kita memilih peran berpura-pura. Peran penuh sandiwara. Apa bila menguntungkan maka kita akan berkontribusi. Jika merugikan maka kita lari. Peran penuh kemunafikan. Dan tentunya peran ini adalah peran yang merusak dan menghancurkan.

Mau atau tidak mau kita harus memilih peran yang akan kita mainkan. Kemudian memilih kontribusi yang akan kita berikan. Akan membangun atau merusak, itu pilihan kita.

Apapun peran kita, apapun pekerjaan kita bisa membangun  lingkungan dengan baik namun bisa juga menghancurkannya. Namun tentunya kita akan memilih kontribusi yang membangun masyarakat dari pada merusaknya.

gambar : http://lusiandriani.blogspot.com

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com