“Gong, wis krungu
menawa Dolly arep ditutup.” Petruk, Gareng lan Bagong lungguh jigang kaya
padatan.
“Lha yo wis. Lha
ana apa ta kang lha kok kadingaren ngrembug bab Dolly. Apa nduwe anak buah neng
kana?” Bagong mangsuli kanthi gojegan.
“Ora ngono Gong.
Iki aku ngrembug bab Dolly amarga isih ana sing ora nyarujuki babagan Dolly
sing arep ditutup iku mau. Kamangka kuwi papan kanggo ngumbar asmara kang ora
bener tumraping agama apa dene negara. “ Petruk mbacutake.
“Lha iya ta kang.
Kok ya isih ana sing ora nyarujuki. Yen tak gagas kok lucu. Barang sing ala
arep di rampungi kok ora entuk. Ora tinemu nalar babar blas.”
Gareng kang krungu
gunemane Bagong banjur nyelani. “Mengko dhisik Gong, yen aku nduwe penemu liya
entuk ta?”
“Ora apa-apa kang.
Penemumu piye?” Petruk
“Ngene Truk, Gong.”
Gayane Gareng karo nglepus rokok tingwene. “Pancen bener Dolly kuwi papan
ngumbar asmara utawa zina. Nanging papan kuwi nguripi atusan, sok malah ewon
wong kang nyambut gawe ing Dolly. Yen nganti ditutup lha trus padha arep mangan
opo?”
“Lha doyane apa
kang, yen doyane sega, ya mangane sega, yen doyane suket ya mangan suket. Ngono
wae kok repot. Bab gampang kui.” Bagong nyela karo cengengesan.
“Tegese kui, mangan
sega lak ya kudu tuku sing arep di dang. Lha yen ora nyambut gawe ya ora nduwe
dhuit, banjur arep tuku nganggo apa? Sing nyambung urip neng kana kuwi ora mung
PSK wae. Ana bakul, ana ojek, ana kuli lan liya-liyane. Lha yen di tutup trus
arep makarya neng ngendi coba pikiren!”
“Yen bab kuwi
mesthine pemerintah wis menggalih. Aku krungu Kemensos jare ya cucul dhuwit,
Pemerintah Surabaya ya cucul dhuwit. Sejene ngono yo wis ana gladhen saka dinas
sosial kanggone para PSK kui kareben bisa makarya sing becik. Lha kanggone
wong-wong sing nyambut gawe utawa makarya dadi tukang becak ya isa mbecak neng
papan liya, bakulan neng papan liya. Yen gelem gumregah mesthi wae Gusti paring
dalan. Yen mung alesan butuh mangan wae copet ya butuh mangan, ning kudu di
berantas Kang.”
“Lha kok malah
madhakne wong bakulan karo copet.” Gareng tambah bingung
“Karepku sing PSK
kuwi mau kok. Padha-padha tumindakm nistha.”
“Yo beda. Yen
nyopet kui nggawe kapitunaning liyan. Yen PSK lak ora ngrugekne.” Gareng tetep
ngeyel karo mentheleng.
“Lha yen kowe jajan
apa bojomu ora nesu kang?” Bagong nyumela.
“Ya mesthine
mbakyumu nesu.”
“Lha apa ra tegese
rugi kui, kira-kira mbakyu yen kon milih kowe kecopetan satusewu karo jajan
seketewu pilih endi kang?”
“Yo mesthine pilih
kecopetan satusewu.”
“Lha kui tegese
mbakyu rumangsa luwih tuna yen kowe njajan seketewu tinimbang kelangan
satusewu.” Bagong nuturi Gareng
“Lha apa isih ana
Gong sing regane seketewunan?” Ganti Gareng sing cengengesan.
“Miturut pawarta
ana kang. Sangsaya murah sangsaya mbebayani.”
“Lha kok iso?”
Gareng .
“Lha mesthine saya
murah saya laris. Tegese saya akeh sing tuku, saya akeh sing zina.” Petruk
namabahi katrangane Bagong. “Sing baku dene pemerintah arep nutup Dolly kuwi
karepe ya becik. Kanggo kabecikane rakyat kabeh, kuwi wis cetha bab sing ala.
Kudu ana sing miwiti ngrampungi. Yen dinengke wae malah saya ngrembaka, saya
kuwat, saya tambah angel ngrampungi. Muga –muga kanthi niat sing becik kuwi
para warga tambah mangerteni bebaya sing wis sumadya ing mburine tindak ala
kuwi mau. Pancen tata gelar nguripi wong sewu, nanging nguripi wong kang cacah
sewu kuwi kanthi mateni wong maewu-ewu. Lelara kang sumebar saka tumindak
nistha mau bakale nular, yen wis nular angel ngrampungi. Ngentekake prabea sing
larang, ewadene s ok- sokora mari malah mati. Mula saka kuwi kang ayo
disengkuyung niat becik iki, lan ora lali ya paweh karampungan tumrap wong-wong
kang nggantungake urip saka papan kuwi.”
“Bener kang.
Muga-muga para sedulurku sing uripe gumantung ing papan kuwi diparingi dalan
sing gampang ngupadi rejeki ing papan liya. Semono uga para warga liyane aja
trus mlengos, ngguwak rai, nyemir utawa ngasorake,
rumangsa gila karo para sedulur mantan PSK kuwi. Kudu disengkuyung kareben ora
bali maneh dadi PSK. Tak kira yen para warga, pemerintah sengkut gumregut
bareng-bareng, ora mokal, Indonesia minim pelacuran. Sokor-sokor iso bebas. Tak
kira iki ya impene kabeh para warga.”
“Bener Truk, Gong.
Muga-muga wae niat nutup Dolly iki ora malah nambah masalah. Kabeh diparingi
lancar.”
Gareng, Petruk lan
Bagong manggut-manggut sinambi nyruput kopi pahit.
Katulis nalika dolly arep ditutup
Gambar : inilah.com







0 komentar:
Posting Komentar