Yen urip kui linambaran bismillah, bakal ayem tentrem urip
bebrayan ing masyarakat. Iki dudu tepsir bismillah. Iki mung othak athik
gathuk. Menawa ora mathuk aja banjur nuthuk.
Tegese wong kan urip bebarengan ing bebrayan agung kui kudu bisa milah ing antarane becik lan ala.
Amarga ing alam bebrayan ora saben menungsa kui tumindak apik utawa bener. Mesthi
ana kang seneng nerak wewaler. Manungsa di paringi nalar karo Gusti Allah kudu
bisa kanggo milah endi sing bener lan endi sing luput.
Kang angka loro yaiku Bisa
Milih
Akeh manungsa kang bisa mbedaake, kang bisa milah nanging
ora wenang milih. Tuladhane wong kang drajate babu, utawa batur. Bisa mbedaake
luput lan bener nanging kudu nindakake apa karepe bendarane. Mula saka kui dadi
menungsa kudu bisa merdika babakan milih. Tegese yen wis bisa milah sing bener
ya enggala dipilih lan ditindakake ing sabendinane.
Kang angka telu yaiku Bisa
Molah-Malih
Tegese empan papan. Mangerteni kapan wayah geguyonan kapan
wayah nyambut gawe. Bisa mapanake diri jumbuh karo wayah lan panggonan. Ora ateges
tumindak munafik ananging bisa njaga pribadi saka tumindak kang bisa ndadeake
crah, ndadeake bubrah alam bebrayan. Kudu bisa ngemong wong kang lagi padudan
kang tundhane bisa ndadeake tentrem akure wong kuwi mau.
Kang Pungkasan yaiku Bisa
Mulih
Tegese milah, milih, molah-malih mau kudu diulihake marang
Gusti Allah. Ora kena kita milah, milih, molah-malih ananging nerak wewalering Gusti Allah. Kabeh tindak-tanduk
solah bawa kudu diulihake marang ngendikane Gusti Allah kang awujud pustaka
suci. Yen kabeh mau bisa diugemi bakal waluya urip kita, ayem tentrem kang
tundhane dipungkasi kanthi khusnul khatimah.
Gambar : http://m.photo.abatasa.com
Gambar : http://m.photo.abatasa.com








0 komentar:
Posting Komentar