Warung kopi mas Tarba Wiana katon isih sepi. Pancen isih esuk. Mung katon ana wong 3 kang lungguh jigang ing bale. Gareng, Petruk lan Bagong.
"Gong, saiki yen tak rasa kok mejid saya sepi, sing salat arang-arang.Apa wis padha wegah ngibadah to ya?" Gareng sambat marang Bagong.
"Iyo ki kang. Tak rasa-rasa kok saya nyenyet. Ora kaya jaman ndhisik. para warga kabeh seneng neng mejid. Malah jenak jagongan karo sedulur, tangga teparo neng mejid. Katon rukun. Saiki sing neng mejid sithik, bubar salat yo klepat mulih." Bagong mbenerake kandhane Gareng.
"Kira-kira kena ngapa ya Gong?"
"Mbuh kang, Aku dewe ki yo ra ngerti. Menawa kang Petruk weruh. deweke lak mubaleg sing kulina sesorah neng ngendi-ngendi. Tur mejide yo katon makmur."
"Piye Truk, aja mung nyrupat-nyruput kopi wae. Mbok urun rembug ra ketang sithik." Gareng noleh marang Petruk.
"Mejidku tak gawe banalaya" Petruk nyauri gareng.
mak jenggirat Gareng karo Bagong."Banalaya?"
"Iya, ning ya aja karo mecicil ngono to!"
"Lha ra mecicil piye, wong banalaya ki sak ngertiku kuburan." Bagong tambah mecicil.
"Ditakoni tenanan kok malah guyon." Gareng nambahi.
"Ngene lho kang, karepku banalaya kuwi ora teges kuburan ngono ki ora. ning ba-na-la-ya. Ana patang wanda. Saben wanda nduweni pangerten dhewe-dhewe."
"Gek apa kuwi truk, kok aneh-aneh wae tembungmu kuwi."
"Ba tegese badra. Yaiku gawe. Yen kepingin nduwe mejid rame sing kudu dilakoni nomer siji yo gawe mejis dhisik. Apa ya isa pingin nduwe mwsjid rame nanging ra duwe mejid. lak ya lucu." Petruk karo ngguya-ngguyu.
"Lha kae kowe ya eruh dhewe kang mejide gedhe magrong-magrong. "Ba" wis ana. banjur "na" kuwi apa?" bagong katon ra sabar.
"Mengko dhisik Gong, yen badra mejid wis kudu badra laku utawa wong pinter ngarani kegiyatan. Amrih rame mejide kudu ana kegiyatan kang mumpangati kanggo warga sak kiwa tengen mesjid.Ora mung salat limang wektu thok, isa uga di tambah semaan qur'an, pengajian, rapat, lan liya-liyane. Ning aja ngasi dol tinuku ana mesjid. Ora berkah. kuwi twgese "ba".
"Lha trus 'na' tegese apa le?" Gareng saya nyedhak lungguhe marang Petruk.
"'Na'yaiku nata. Yen wong pinter nyebut manajemen. Tegese yen iso gawe mejid utawa gawe kegiyatan kudu isa nata kareben sing di badra mau uga migunani tumrap jamaah. Aja mung iso gawe nanging ora ana gunane, mung obor blarak, ra ono ketelasane marang jamaah.
"Trus 'la' kui kang?" Bagong ganti takon.
"'La' yaiku lumban. Wong pinter ngarani fastabiqulkhairat. Yaiku lumban marang kabecikan. Dhisik-dhisikan tumindak becik, ora iren yen ana gawean.Banjur 'ya' tegese yudan utawa perang. Perang jamane saiki ora ngemungake perang kang ateges paten-patenan. yudan iku tegese perang merangi hawa nepsu, merangi kemaksiatan sing ana lingkungane dhewe-dhewe. Saiki akeh kemaksiyatan neng pinggir dalan kui ora merga wong apik ora ana, nanging wong apik mung meneng wae ora gelem elik-elik, ngono"
"Lha nek dielikne malah ngejak padu njur piye?" Gareng
"Elik-elik kui mau ya nganggo aturan. Ora mung waton elik-elik, nanging elik-elik nganggo waton.Mula saka kui awake dhewe kudu sinau bab elik-elik iku mau kareben apa-apa sing dilakoni bab amar makruf nahi mungkar kui ora malah ndadekake kemungkaran sing sing luwih gedhe."
"Lha aturane piye le mbok dibabar sisan."
"yo mbesok meneh kang, iki aku arep lunga dhisik, ana kegiyatan sing kudu tak tekani."
"O..iya le..mbesok dibabarne ya?"
"Iya kang."
Gambar : pranowobudisulistyo.files.wordpress.com

0 komentar:
Posting Komentar